Kamis, 26 Februari 2015

Contoh Naskah Drama Bahasa Jawa


Petualang Lingkungan Gunung Semeru

Minggu iki Lala, Tiara, lan Talitha arep ngisi liburane menyang Gunung Semeru. Bocah-bocah iki sadurunge budal janjian ing omahe Tiara.

Lala: “Assalamualaikum” (nggedor pintu omahe Tiara)

Tiara: “Waalaikumsalam.” (mlaku mbukak pintu)

Lala: “Lho! Talitha durung teko tir?”

Tiara: “Durung,ayo melbu disik. Bocahe wis tak telpon nanging isih ing dalan.”

Lala: “Yo wis, dienteni wae.”

15 menit sakwise, Talitha teka ing omahe Tiara.

Talitha: “Assalamualaikum.” (nggedor pintu omahe Tiara)

Lala lan Tiara: “Waalaikumsalam.” (mbukak pintu)

Talitha:  “Piye? Wis siap kabeh ta?”

Lala: “Wis mulai ket maeng Tal, suwe ngenteni kowe iki.”

Talitha: “Sepurane yo cah ing dalan aku kena macet.”

Tiara: “Ayo wes ndang budal mengko selak bengi.”

Ing perjalanan bocah-bocah kuwi pada geguyonan bareng, ora krasa dheweke ngantuk kabeh, lan akhire Lala, Tiara Talitha keturon. Hawa adem mulai krasa,tandane wilayah Gunung Semeru wis cedhak. Talitha tangi lan pada nangiake Lala lan Tiara.

Talitha: “He cah ayo tangi. Gunung Semeru wis cedhak. Pemandangan ing kene apik tenan iki lho.”
Lala: “Hii, adem tenan yo cah.”

Tiara: “Yo jelas wae to la, iki kan wis cedhak gunung.”

Ora suwe mobil sing ditumpaki Talitha, Lala, lan Tiara mandeg. Dheweke pada mudhun saka mobil. Dheweke isih nggumun karo pemandangan ing sekitare Gunung Semeru iki. Langsung wae dheweke daftar ing pos 1 kanggo munggah gunung mengko)

Lala: “Wis yo cah, ayo langsung budal wae.”

Tiara: “Lho yen kowe budal opo kowe ngerti dalane to cah?”

Talitha: “Ora ngerti, nanging kan mengko ana tanda arah yen pingin tumuju puncak cah?”

Lala lan Tiara: “Yo ora ana to tal.”

Talitha: “Lha terus iki piye cah?

Tiara: “Tenang wae, aku duwe kanca ing kene yen dheweke bisa bantu awake dewe budal menyang puncak. Jenenge Septy. Sedhela maneh bocahe bakal mrene”

Lala: “Ngono kuwi kudune ngomong ket maeng to tir.”

Talitha: “Yo wis dienteni wae.”

Talitha, Lala lan Tiara ngenteni Septy karo ndelok pemandangan sekitare Gunung Semeru.

Talitha: “Aduh, ngendi to tir kancamu kuwi?”

Tiara: “Sedhela maneh dheweke teka, dienteni wae.”

Let dienteni suwe Septy ora teka-teka, akhire bocah-bocah kuwi pada nekat budal dewe.

Lala: “Ayo wes cah budal wae, selak bengi mengko.”

Tiara: “Ayo wes, paling bocahe lali.”

Talitha: “Opo yo ora bahaya to cah ing alas ngene iki?” (Keweden)

Tiara: “Ora popo tal, dicoba wae.”

Lala: “Ora usah wedi tal.”

Let suwe mlaku bocah-bocah kuwi ora teka-teka ing tujuane. Dheweke mung mubeng-mubeng ing sekitare kono. Bocah-bocah kuwi pada keweden.

Talitha: “Lho kan cah, bener jareku to. Ing alas iki bahaya yen ora ngerti.”

Lala: “Iyo, terus iki piye to cah. Awak dewe wis kadung melbu alas iki.”

Tiara: “Sopo sing nduweni ide kaya ngene?”

Talitha: “Lho kan aku wis ngomong yen iki bahaya, kowe pancet ngeyel wae cah.”

Lala: “Wis cah wis, mending golek cara wae ben bisa metu saka alas iki.”

Talitha: “Mboh! Aku dak balik wae.” (Nesu lan balik dewe)

Sakwise Talitha balik, moro-moro krungu swarane wong njaluk tulung.

Talitha: “Tulung..tulung.. aduh lara.”

Ing panggon liya Lala lan Tiara krungu  swara wong njaluk tulung

Lala: “Lho tir kowe krungu swara njaluk tulung opo ora?”

Tiara: “Iyo la, ojo-ojo kuwi Talitha. Kuwi kan kaya swarane Talitha.

Lala: “Ayo tir diampiri wae.”

Ora adoh saka panggone Talitha, ana warga sing krungu swarane Talitha njaluk tulung. Warga kuwi bingung nggoleki sumber swara kuwi.

Siti: “Lho! Swara apa kuwi? Kaya ana sing njaluk tulung to. Dak goleki disik wae.”

Talitha: “Aduh.. tulung..” (Kelaran amarga sikile tatu)

Siti: “Lho kowe geneya?” (Kaget)

Ora adoh saka panggone Talitha tiba, Lala lan Tiara isih bingung nggoleki Talitha.

Lala: “Duh, ing ngendi to Talitha iki? Tir, aja-aja dheweke digawa mlayu setan tir, iki rak yo ing alas. Setan rak akeh ing kene.”

Tiara: “Huss! Yo ora mungkin to la. Lho la kae ana wong. Ayo diparani.”

Lala: “Oh iyo. Ayo.”

(Siti langsung nulungi Talitha. Dheweke narik tangane Talitha)

Siti: “Kowe ora popo to?”

Talitha: “Iki lho sikilku lara.”

Siti: “Yo, ayo dak obati.”

(Lala lan Tiara teka ing panggone Talitha lan karo kaget)

Lala: “Ya Allah tal, kowe geneya?”

Talitha: “Aku mari kepleset.”

Siti: “Wes ayo diresiki disik tatune.” (Ngobati sikile Talitha)

Sakwise Talitha diobati, Siti, Lala, Tiara, lan Talitha pada omong-omongan.

Siti: “Sebenere, kowe kabeh iki pada menyang endi to cah?”

Tiara: “Arep munggah gunung.”

Siti: “Apa kowe weruh dalane?”
Talitha, Lala lan Tiara: “Ora.”

Siti: “Oalah, kok yo nekat tenan to bocah-bocah iki.”

Tiara: “Nanging awake dewe arep ngenteni kancaku sing jenenge Septy. Dheweke sebenere sing arep ngancani awake dewe munggah gunung.”

Siti: “Oo Septy. Iyo aku kenal bocahe. Dheweke wis bola-bali munggah gunung.”

Tiara: “Lho iyo ta?”

Siti: “Iyo. Saiki kowe nginep wae ing omahku. Saiki wis sore, yah mene alas iki bahaya.”

Ing panggon liya Septy kwatir karo kancane sing ora marani dheweke sampe bengi. Esuke Siti ngeterno bocah-bocah iku menyang omahe Septy.

Siti: “Assalamualaikum, Sep, Septy.”

Septy: “Waalaikumsalam.”

Siti: “Iki lho kanca-kancamu.”

Septy: “Lho Tiara, ayo melbu-melbu!” (ngajak melbu ing njero ruang tamu)

Tiara: “Iyo, kowe wingi ing ngendi dak enteni ora teka-teka.”

Septy: “Lho wingi kuwi aku wis ning pos 1,nanging kowe iki wis ora ana, akhire aku balik menyang omah.”

Tiara: “Oalah wingi aku nekat budal dewe amarga kowe ora teka-teka. Oh iyo kenalno iki kancaku, Lala, Talitha.”

Septy: “Oh iyo aku Septy. Dadi iki to tir kancamu sing arep munggah gunung?”

Tiara: “Iyo iki lho.”

Septy: “Ya wis iki langsung budal ta?”

Tiara: “Iyo wis. Mumpung isih isuk.”

Septy: “Iyo wis, ayo. Aku yo wis siap kok.”

Septy, Tiara, Talitha, Lala lan Siti budal menyang gunung. Ing perjalanan Tiara, Lala, Talitha, Septy lan Siti seneng amarga dheweke ndelok pemandangan kang endah. Pemandangan ing kono katon ijo kabeh, amarga akeh wit sing ditandur lan tukul dewe ing alas kono. Hawane adem lan sejuk. Manuk-manuk ing kono pada ngetoake swarane kang apik kuwi, nambah suasana dadi tentrem.

Septy: “Perjalanan isih adoh. Yen ana sing kesel kudu ngomong, aja isin!

Tiara, Lala, Talitha, Siti: “Iyo sep!”

Dheweke pada semangat lan pantang mundur. Nanging, ing tengah alas arepe menyang puncak, Lala ndelok pemandangan sing ora enak. Alas ing kono pada entek mung kari tugelan wit sing isih mancep ing njero lemah. Kayu-kayu pada sumebar ing sekitare kono.

Lala: “Sep, iki geneya kok wit ing kene pada ditebangi?”

Tiara: “Lho Septy? Septy ing ngendi? (bingung)

Talitha: “Kok Septy ilang?” (kaget)

Siti: “Lho aku yo ora ngerti lho cah.”

Lala: “Lho iki piye to? Awake dewe ora weruh dalane?”

Siti: “Tenang ae, aku weruh dalane kok.”

Tiara: “Yo wis lah ora popo. Bisa wae Septy duwe urusan penting kang ora bisa ditingggalno lan ora sempet pamit marang awake dewe.”

Talitha: “Iyo cah, bisa wae kaya ngono. Wis aja ngomong wae, ayo ndang mlaku.”

Lala: “Semangat!” (bengoki kancane ben bisa luwih semangat)

Ing tengah dalan Talitha krungu swara mesin penebang sing lagi nebang wit.

Talitha: “Lho swara opo kuwi?”

Siti: “Biasae kuwi swara mesin penebang.”

Tiara: “Yo wis, ayo coba digoleki.”

Akhire Tiara, Talitha, Siti lan Lala nggoleki sumber swarane kuwi. Saya suwe, swara kuwi saya banter,  tandane nggon sumber swara kuwi wis cedhak. Ora let suwe Tiara, Lala, Talitha, Siti ndelok wong lagi nebang wit nganti entek.

Talitha: “He! Mandeg! Kowe sopo kok nebang wit sing ora salah?

Tiara: “Iyo bener, ngono kuwi ora oleh amarga akibat elek sing disebabake illegal loging kuwi akeh.”

(Wong sing nebang kuwi noleh)
Siti, Lala, Talitha, Tiara: “Haa? Septy? (kaget yen sing nebang pohon kuwi Septy)

Tiara: “Sep,kowe nyapo? Kok nebang pohon?”

Septy: “kowe sing nyapo? Iki urusanku!”

Lala: “Lho sep, nebang pohon kuwi dilarang.”

Talitha: “Iyo sep, nebang pohon bisa nyebabake longsor, banjir lan ngerugiake wong akeh sep.”

Tiara: “Iyo sep, awake dewe sebagai generasi bocah enom kudune bisa njaga alam kanggo generasi putune awake dewe mengko.”

Lala: “Nebang pohon kang akeh ing alas kuwi bisa ngerusak habitate kewan sing ana ing njerone, kewan sing urip ing alas bisa punah.”

Talitha: “Dadi nebang wit kuwi ngerugiake sep.”

Septy: “Wis mari ta yen cerewet? Ha? Kurang dawa yen ngono kuwi. Kupingku nganti budeg ngrungoake sing pada kowe omongake! Bengak-bengok ora jelas. Ora ngerti sing tak maksudku wae melu-melu! Lanjutno perjalananmu. Wis ana Siti sing bisa ngganteni aku. Ora usah peduli karo urusanku!”

Siti: “Sep, aku ngerti keadaanmu, aku yo ngerti yen ibumu saiki lara, nanging ora ngene iki carane sep.”

Lala: “Lho iki piye to maksude? Kok aku ora ngerti?”

Siti: “Dadi keadaan ekonomine Septy iku kurang, lan ibune Septy saiki lara. Sing jelas saiki Septy butuh duik, aku ngerti ngono kuwi amarga aku kanca cedhake Septy.”

Talitha: “Oh ngono to,yen pancen keadaan ekonomimu kurang, ibumu lara lan kowe butuh duik, awake dewe bisa mbiyantu kowe sep.”

(Septy meneng wae)

Tiara: “Wis Sep, ora popo. Delehen mesin kuwi, lan saiki kowe melu awake dewe wae. Awake dewe janji bakal bantu kowe. Ayo Sep.”

(Septy katon loyo lan lemes, kaya wis ngerti yen dheweke wis salah tapi ora let suwe gumuyu metu saka wajahe Septy, kabeh pada bingung)

Septy: “Kowe iki pada salah paham cah, aku pancen butuh duik kanggo nambani larane ibuku. Aku yo ngerti yen nebang wit kuwi akibate akeh lan gedhe. Nanging aku nebang wit iki ora akeh, lan aku yo duwe bibit anyare kanggo ngganti wit sing dak tebang. Lha kae to bibit anyare wis dak siapake. Aku yo pancen salah cah yen aku mau moro mlayu ngono wae. Ora pamit menyang kowe cah. Sepurane yo cah.”

Talitha: “Ooh dadi awake dewe mung salah paham.”

Lala: “Awake dewe yo njaluk sepura, amarga awake dewe wis salah paham menyang kowe Sep.”

Septy: “Iyo cah, ora popo aku ngerti. Ayo cah melu aku nandur bibit anyar.’

Siti: “Ayo! Gek ndang mari ben iso cepet budal.”

Tiara: “ Iyo, aku wis ora sabar.”

Bocah-bocah kuwi pada semangat nandur bibit kuwi. Dheweke yo seneng bisa mbantu kancane sing lagu susah.

Talitha: “Piye cah? Wis mari kabeh to?”

Septy: “Yo wis mari to. Piye cah prasaanmu bisa nandur bibit kaya ngene?.

Tiara: “Sueneng banget sep.”

Lala: “Iyo kapan-kapan yen kowe nandur  bibit ajaken awake dewe yo?”

Septy: “Iyo,kowe bakal dak ajak mengko. Aku nebang wit ngene iki mung setahun kaping pisan.”

Siti: “Ayo ndang budal! Mengko  selak peteng.”

Bocah-bocah kuwi pada nikmati perjalanane, pemandangan kang endah sing bisa ngilangake rasa kesel. Saya suwe saya adoh. Alas mulai peteng amarga wis bengi. Akhire bocah-bocah kuwi pada ngedekna tenda lan ngurupake geni. Hawane adem banget. Nanging bocah-bocah kuwi ora peduli karo hawa adem. Dheweke malah geguyonan bareng. Jam wis nunjuake jam 8 bengi. Bocah-bocah kuwi pada budal turu amarga sesuk esuk perjalanan dilanjutake. Sesuk esuke langit wis katon padang. Srengenge metu karo sumringahe. Swara manuk nangiake bocah-bocah kuwi.

Lala: “Ayo cah! Pada tangi wis esuk.”

Talitha: “Iyo ayo. Puncak gunung wis cedhak iki.”

Tiara: “Ayo pada siap-siap cah!”
Bocah-bocah kuwi pada ngelanjutake perjalanane. Ora krasa puncak semeru wis cedhak.

Tiara: “He cah awake dewe wis bisa nganti puncak.”

Siti: “Endah banget cah.”

Talitha: “Awake dewe bisa ndelok samudera ing dhuwure awan.”

Lala: “Aku ora bisa nyangka yen awake dewe bisa nyampe ing puncak Gunung Semeru.”

Septy: “Puncak Semeru! Endah banget kowe!”

Bocah-bocah pada nikmati pemandangan sing apik kuwi, dheweke pada ngalami pengalaman seneng lan susah. Akeh pelajaran sing bisa dijupuk saka perjalanan kang apik kuwi. Perjalanan kuwi bisa nambah wawasan, bisa nambah rukun, solidaritas, lan liya-liyane.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

animasi bergerak gif